Jumat, 11 Desember 2009

lemburann tgs b.jawa

Maca Puisi

Dina rebo jam pelajaran kaping 3, siswa-siswi kelas xi ia 6 entuk mata pelajaran basa jawa yaiku maca puisi. bocah bocah banjur gawe puisi lan di praktekake ana ing ngarep. banjur di biji karo bu guru.
Saiki jatahe Kirun macaake puisine ana ngarep….
Bu guru : Saiki nomer absent 17
Harun : wah, sapa kuwi nomer absent 17 ? ( karo ngadeg saka kursi lan clingukan goleki nomer absent 17)
Kirun : aku,saiki aku. (karo ngadeg banjur maju)
Seno : wah, sang pujangga maju ki…
Bocah-bocah pada tepuk tangan meriah, amarga Kirun iku salah sijine murid kang senege nglucu.

Kirun : Matur nuwun para fans ku… sang pujangga Kirun, arep macaake puisi. judule yaiku ‘Krisman’….. (Karo petingkah kaya artis)
Seno : Krismon apa krisman???
Sekar : Wah, judule kog tingkat duwur tow… ??
Kirun : Judule krisman dudu krismon… karepku seng gawe to ya….
Harun :Walah, po kuwi….
Kirun : Tenang , kowe kan durung ngerti isine, dadi,ore entuk komentar sek….haha
Kabeh : bocah-bocah banjur pada guyu … hahahahah( ndelokake tingkahe Kirun )
Bu guru : wes-wes,, yen pada komentar terus, kapan Kirun macakke puisine… ( rada mrengkel)
Kabeh : enggeh bu ….
Kirun : ladis n gentlemen…
kabeh : hahahahhahahahaha
Seno : walah,basa inggrismu entok piro tow…
Harun : ngomong wae ora genah …..
Kiru : yo,wes ben tow…. karep ku…kok kowe seng ribut….
Sekar : wes, wes,,,, yen ribut teros, kapan meh nonton pertunjukane Kirun…
Seno : wah, sang pujanggane Kirun ora trima ki….. hahahhahaha
Harun : mbeloni ik…. hahahaha
Sekar : pada ngomong apa ta,, (karo rupa kang isin isin lan pipine dadi abang)
Bu guru : Harun, Seno, wis to.. ojo nggodani Sekar wae. wis rungokke Kirun meh maca puisi…
Kabeh : enggeh bu….
Banjur Kirun mulai maca…
Kirun :Ladis n gantelmen, kula kisrun bade macakake puisi yaiku Krisman…. ( karo tingkah kaya presiden meh pidato)

Bocah bocah pada ngempet guyu ngrungokake Omongane kirun…
Kirun : walah, yen meh guyu aja diampet… mengko kepentot lho…..
Kabeh : hahahaha (ora iso nahan guyu)
let sa menit,banjur pada meneg meneh… kirun nerusake puisine…

Kirun : Krisman

krisman…
iku krisis mangan….
saben dina mangan sego krupuk…
kriuk kriuk….
kaya nggunting kertas….

Harun : wah nek kui kres kres, dudu kriuk kriuk…
kabeh : hahahahaha
Harun :kapan iso gedhe yen ngono.. hahaha
Harun : sssstttttt

Banjur nerusake meneh…

ben rada legi,,,
maeme karo ngaca awake dewe….
banjur cengengesan mbayangke…

Seno : Wah, aku banget kuwi,, aku kan wonge manis… kayak gula…. hahaa ( karo cengengesan)
Harun : walah,pede men tow, legi di rubung semut… hahaha
Didit : wah,, mbayangke po kuwi…. hayooooo
Kirun : walah..podo ribut og… stttttt

Krisman
Krisis mantan ….
Mantan pacar, mantan presiden, mantan polri,
Seng penting ajo mantan kanca…..

Didit : Weijyan, ‘aja mantan kanca’… keren nda…. teges ik….(karo ngacungke jempol)
Sekar : Hu um… Kirun pinter (karo mesem mesem)
Harun : wah,yen nggo kowe, penting aja mantan pacar wae… hahahaha
Sekar : ummmm ( nunduk isin)
Kabeh : cie cie… hahaha ( kompak )
Kirun : Menawi kangge bu guru, mboten wonten mantan guru nggeh bu…. hehe
Seno : wah, Kirun ngrayu ki…. hahaha
Didit : awas, ana sing cemburu lho…. hahahaha
Bu guru : bocah bocah,ana ana wae tow ( karo mesem)
Kirun : Lanjut nggeh bu….
Bu guru : monggo….
Kirun :
krisman…
krisis mandeg ….

Kirun : matur nuwun
Didit :lho, wis bar to… walah, mekso ik….
Kirun : wes ben to,,, aku seng nggawe kok kowe seng repot…. (karo petentang petenteng)
Kabeh : huuuuuuuuuuuuuu, waguuuuuuu ( nyuraki karo mbalang kertas)
Bu guru : eee,wes,kog kaya cah cilik tow… kertase di jupuki
Kabeh :enggeh bu….. (pada njupuki banjur di buang neng tong sampah)
Bu guru banjur maringi pendapat….
Bu guru : Puisi ne Kirun wes cukup menarik, iso gawe suasana ora tegang lan podo ngrespon….
Kirun : Ayo, tepuk tangan …..
Kabeh : huuuuuu (malah di suraki)
Didit : walah,pede banget og….
Kabeh : kudu to ya……
Seno : lha po banyu…. hahahaha
Bu guru : wes, jam pelajarane wes entek… di teroske sesuk menen…
Kbeh : yeee, horeeee ( karo pada siap siap istirahat)
bu guru banjur pamitan lan bocah-bocah pada istirahat……

Tidak ada komentar: